HAM Boso Jowo

Universal Declaration of Human Rights – Javanese

Pranyatan Umum Ngenani Hak Hak Asasi (Umat) Manungså

Sabên umat manungså laír kanthi hak-hak kang pådhå lan pinasthi lan kanthi kabébasan-kabébasan íng bakuníng anggêr-anggêr (wêwatón = undang-undang).

Pêrsêrikatan Bångså-Bångså darbé komitmên (tékad nglaksanakaké maujudé janji lan kasaguhané) kanggo junjúng luhúr, nggrêngsêngaké lan ngayomi hak-hak asasi umat manungså marang sabên pribadi (individu).

Komitmên kasêbút ingayatan såkå Piagam Pêrsêrikatan Bångså-Bångså kang nukúlaké kamantêpaníng kayakinan pårå bångså sa-donyå tumrap hak-hak asasi umat manungså íng bakuníng paugêran sartå tumrap martabat lan ajiníng kamanungsan.

Íng Pranyatan Umúm ngênani Hak-Hak (umat) Manungså, Pêrsêrikatan Bångså-Bångså nandhêsaké kanthi têrwåcå lan prasåjå, hak-hak kang dadi darbèké sabên uwóng kanthi adíl. Hak-hak kasêbút, nyåtå dadi darbèkmu kabèh.

Kabèh mau, iyå hakmu. Kênali lan pahamånå hak-hak kasêbút. Supåyå kasêngkuyúng mbiwarakaké lan nglêstarèkaké kanggo paugêran dhiri pribadhi sartå kanggo sapêpadhané umat manungså liyané.

Pranyatan Umum Ngênani Hak-Hak Asasi(Umat) Manungså

Pambukå / Mukadimah

MANIMBANG

manåwå ngakóni marang martabat alamiah sartå hak-hak kang pådhå lan pinasthi íng sabên warganíng kulawargå umat manungså, mujudaké landhêsaníng kamardikan, kaadilan sartå bêdhamèníng donyå.

MANIMBANG

mênåwå nyingkúr lan nganggêp rèmèh hak-hak umat manungså biså njalari tandang tanduk kasar lan wêngís kang nuwuhaké råså runtik atiné umat manungså, lan kabanguné donyå dadi papaníng umat manungså biså ngrasakaké lan ngalami nikmatíng bébas mêdhar panêmu lan bébas ngrasuk agåmå sarta kalís såkå råså wêdi lan was-sumêlang sarta uríp kacingkrangan, kapratélakaké dadi pranyatan minångkå dadi gêgayuhan luhúr sakabèhíng umat manungså lumrah (kawulå alit).

MANIMBANG

manåwå hak-hak umat manungså pêrlu antuk pangayoman kanthi pranatan lan tatanan anggêr-anggêr (undang-undang), amríh sabên uwóng ora kêpêkså milíh nglawan (mbrontak) minångkå kupiyå kang pungkasan anggóné ngrékodåyå kanggo nglawan marang tindak daksiyå lan panjajahan.

MANIMBANG

manåwå mêkaríng pamêrdi panggulowênthahíng sambúng pamitran íng antaraníng pårå bångså sabên nêgårå pêrlu lan wigati dirêmbakakaké.

MANIMBANG

manåwå pårå bångså íng Pêrsêrikatan Bångså-Bångså, íng sajroníng Piagam Pêrsêrikatan Bångså-Bångså, wus pådhå mratélakaké kanthi tandhês anggóné ngugêmi marang hak-hak kang baku umat manungså, marang martabat lan ajiníng pribadiné umat, lan marang hak-hak priya lan wanita kang sadrajat lan pådhå, sartå wus gawé putusan bakal nyêngkuyúng majuníng sosial sartå ajiníng uríp amríh såyå luwíh bêcik, kanthi kamardikan kang ombèr lan jêmbar têbané.

MANIMBANG

mênåwå Nêgårå-Nêgårå Anggota wus ikrar lan prajanji bakal nggayuh kang såyå maju anggóné ngajèni lan ngúrmati ajiníng umúm marang hak-hak asasi umat manungså sartå råså bébas kang asasi (kanthi paugêran) íng ujudíng sambúng makaryå klawan Pêrsêrikatan Bångså-Bångså.

MANIMBANG

manåwå kanthi manunggalíng pangêrtèn ngênani hak-hak lan tumindak kanthi bébas kasêbút, pêrlu bangêt, kanggo nglêksanani janji kanthi têmên, mulå,

MAJÊLÍS UMÚM

mbiwarakaké

Pranyatan Umum Ngênani Hak-Hak Asasi (Umat) Manungså

minångkå sawijiníng paugêran umúm kanggo kasilíng gêgayuhan sabên bångså lan sabên nêgårå, déné kang katuju supåyå sabên uwóng lan sabên bêbadan íng satêngahíng bêbrayan (masyarakat), kanthi tansah élíng lan ngugêmi Pranyatan iki, tansah mêrsudi ngadani panggulowêntah supåyå råså ngajèni lan ngúrmati hak-hak sartå uríp bébas kasêbút såyå mêkar ngrêmbåkå. Sartå kanthi rékå dåyå progrèsip kang asipat nasional lan intêrnasional, biså nanggúng wujudíng kasaguhan ngakóni lan anggóné asúng pakúrmatan kanthi univêrsal lan èfèktif, iyå såkå bångså-bångså íng Nagårå-Nagårå Anggota, kalêbu bångså-bångså íng laladan kang kabawah panguwasaníng anggêr-anggêré (wêwatón = undang-undang).

BAB : 1

Sabên uwóng kalairaké kanthi mardikå lan darbé martabat lan hak-hak kang pådhå. Kabèh pinaringan akal lan kalbu sartå kaajab pasrawungan anggóné mêmitran siji lan sijiné kanthi jiwo sumadulúr.

BAB : 2

Sabên uwóng darbé hak tumrap hak lan kêbébasan-kêbébasan kang tinulís íng Pranyatan Umúm iki tanpå pilíh kasíh, kabèh waråtå lan adíl íng samubarang, kayåtå: bédå bédaníng ras, warnaníng awak (walulang), bédå-bédaníng lanang lan wadón, båså, agåmå, politik lan panêmu liyané, asal usúl suku bångså lan bêbrayan, hak darbé, tåtålair lan kalungguhan liyané.

Sakbanjuré,ora bakal ånå prabédané tumrap kalungguhan politik, anggêr-anggêr (undang-undang) utåwå kalungguhan intêrnasional såkå nêgårå utåwå laladan asal usulíng sawijiníng uwóng, sanadyan såkå nêgårå mardikå, laladan-laladan íng panguwasaníng wali, jajahan utåwå kang winêngku íng kawasaníng liyan.

BAB : 3

Sabên uwóng nduwèni hak ingatasíng uripé, bébasíng uripé lan kaslamêtané minångkå pribadi (individu).

BAB : 4

Ora kênå sawijiníng uwóng didadèkaké budhak utawa batúr, maujudíng budhak lan batúr tukón kanthi ujud åpå waé dadi larangan.

BAB : 5

Ora kênå sawijiníng uwóng disiyå-siyå íng sikså, utåwå nandhang tindak kêjêm, dipatrapi utåwå nåmpå pidånå kang ora kåyå lumrahíng umat manungså utåwå siningkúr karèmèhaké.

BAB : 6

Sabên uwóng darbé hak tumrap pasêksi íng sajroníng anggêr-anggêr (undang-undang) minångkå umat manungså sacårå pribadi íng êndi waé papan dunungé.

BAB : 7

Ngadêpi hukúm, kabèh duwé hak pådhå lan darbé hak olèh pêngayoman anggêr-anggêr síng pådhå, tanpo dibédak-bédakaké. Kabèh duwé hak ingayoman síng pådhå marang tumindak mbédak-mbédakaké (diskriminasi) kang ora cundhuk (cocok) karo Pranyatan iki, lan marang sawêrnaníng pamilút (ngojok-ojoki) síng tumuju marang tumindak diskriminasi kasêbút.

BAB : 8

Sabên uwóng nduwèni hak kapulíhaké kanthi trêp såkå sêsambungané kapatrapan pêngadilan nasional tumrap tindak-tanduk kang nalisír såkå hak-hak baku kang déníng anggêr-anggêr (undang-undang) kapasrahaké dadi haké.

BAB : 9

Ora ånå siji waé uwóng kang kênå ditangkêp, ditahan utawa kasingkiraké kanthi sawênang-wênang.

BAB : 10

Sabên uwóng, kanthi nduwèni drajad pådhå íng satêmêné, darbé hak tumrap pangadilan kang adíl lan tinarbukå déníng pangadilan kanthi bébas lan ora bot-síh, íng babagan nêtêpaké hak lan kuwajiban-kuwajiban sartå íng sajroníng nampa sabên ancaman pidana kang ditêtêpaké marang sabên uwóng.

BAB : 11

1. Sabên uwóng kang dinakwå amargo dianggêp nindakaké laku nalisír

såkå undang-undang, dianggêp durúng nyandhang kaluputan sadurungé

undang-undang mbuktèkaké kaluputané íng pangadilan kang tinarbukå,

íng bab iki sabên uwóng olèh jaminan kang dipêrlokaké kanggo

mbélani haké.

2. Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dianggêp lupút nindakaké

nglanggar undang-undang utåwå tlédhor, kang ora mujudaké tindak

nalisír såkå undang-undang nasional utåwå intêrnasional, íng titi

mångså tumindak mau linakónan. Ugo ora prayoga nêmtokaké

paukuman kang luwíh abod katimbang paukuman kang katêtêpaké

nalikå tindak nglanggar undang-undang iku linakónan.

BAB : 12

Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dirégóni hak pribadiné, kulowargané, balé wismané utåwa sêsambungané nampå lan ngirim layang kanthi sawênang-wênang; ugå marang hak pakúrmatan lan ajiníng diri. Sabên uwóng ndarbèni hak kaayoman déníng undang-undang awit såkå anané gangguan utåwå tindak nalisír mangkono iku.

BAB : 13

1. Sabên uwóng darbé hak tumrap bébasíng tumindak utåwå ora

nindakaké apa-apa íng sajroníng laladan wêwêngkóníng nêgårå.

2. Sabên uwóng darbé hak ninggalaké sadhêngah nêgårå, kalêbu

nêgarané dhéwé, lan darbé hak bali manèh mênyang nêgarané.

BAB : 14

1. Sabên uwóng darbé hak ngupaya pangayoman marang nêgårå liyå

kanggo pangayoman amargå anggóné dadi burón.

2. Hak kasêbút ora kênå kaêtrapaké manåwå anggóné dadi burón iku

nyåtå kang dadi sababé awit tumindak kadúrsilan kang ora

gêgandhèngan karo politik, utåwå karånå tumindak kang nalisír karo

tujuan síng baku såkå Pêrsêrikatan Bångså-Bångså.

BAB : 15

1. Sabên uwóng darbé hak dadi wargå nêgårå.

2. Ora ånå uwóng siji waé kang kanthi tanpå landhêsan tatanan banjúr

kabatalaké anggóné dadi wargå nêgårå utåwå ditampik haké kanggo

salin dadi wargå nêgårå liyå.

BAB : 16

1. Priyå lan wanitå kang wus diwåså kanthi tanpå mawas bångså, wargå

nêgårå utåwå agåmå, darbé hak nglakóni ningkah lan mbangun

kulåwargå. Kabèh nduwèni hak kang pådhå íng babakan nêningkahan,

íng sajroníng alam ningkah lan íng alam pêpisahan/pêgatan.

2. Nêningkahan amúng bisa dilêksanani adhêdhasar pilihan bébas lan

têmên-têmên dadi pasarujukané pêngantèn sakêlorón.

3. Brayat/kulåwargå iku sawijiníng têtunggalan kang alamiyah lan baku

íng masyarakat lan anduwèni hak pangayoman såkå bêbrayan

(masyarakat) lan nagårå.

BAB : 17

1. Sabên uwóng duwé hak andarbèni båndhå, kanthi pribadi utåwå

bêbarêngan karo uwóng liyané.

2. Ora ånå uwóng siji waé kênå dirampas bandhané kanthi sawênang-

wênang.

BAB : 18

Sabên uwóng darbé hak bébas duwé panêmu, kalbu lan agåmå. Íng babakan iki kalêbu hak bébas ganti agåmå lan kapitayan, lan hak bébas kanggo anêksèni agamané utåwå kapitayané, kanthi cårå anggêlar piwulang, nglakóni, laku ibadhah lan sêtyå tuhu ngugêmi pêrcayané, kanthi cårå pribadi utåwå bêbarêngan karo uwóng liyané, íng ngêdhêngan (ngarêpíng umúm) utåwå pribadi.

BAB : 19

Sabên uwóng darbé hak ingatasé hak bébas mratélakaké panêmuné, kalêbu duwé hak bébas darbé panêmu tanpå dirégóni/diganggu, lan kanggo ngupåyå, nåmpå sartå mratélakaké informasi lan pamikiran pênêmuné lumantar média åpå waé kanthi tanpå mawas watêsíng wêwêngkón laladan.

BAB : 20

1. Sabên uwóng nduwèni hak ingatasé hak bébas ngumpúl lan gawé

paguyuban tanpå anané rudåpêksan.

2. Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dipêkså lumêbu íng sawijiníng

pakumpulan /paguyuban.

BAB : 21

1. Sabên uwóng nduwèni hak cawé-cawé íng kapêrluwané pamarintah

nagarané, kanthi langsúng utåwå lumantar wakil-wakil kang pinilíh

kanti bébas.

2. Sabên uwóng darbé hak kang pådhå kanthi kalodhangan kang pådhå

biså kawisudhå tampå kalungguhan/jawatan pamarintah íng nêgarané.

3. Gêgayuhaníng rakyat kudu dadi lambaran baku wêwênangé

pamarintah, gêgayuhan iki kudu kawujudaké kanthi cårå anané

pamilihan umúm kang dianakaké íng wêktu kang tinamtu lan múrni

kanthi hak pilíh kang umúm lan sadrajat, kanthi pungút swårå sacårå

wadi utåwå kanthi pranatan liyå anggêr biså nanggúng hak bébas

anggóné milíh.

BAB : 22

Sabên uwóng, minångkå warganíng bêbrayan (masyarakat) anduwèni hak ingatasé jaminan sosial, sartå darbé hak amríh kalêksanané hak-hak ékonomi, sosial lan budåyå síng dadi kapêrluwan martabaté sartå mêkaríng pribadiné kanthi bébas, lumantar rékådåyå nasional utawa karyå pamitran intêrnasional, cóndhóng marang tåtå pranatané lan sumbêr dayaníng Nagårå.

BAB : 23

1. Sabên uwóng anduwèni hak pagawéyan, hak bébas milíh pagawéyan,

darbé hak anané syarat-syarat nyambútgawé kanthi adíl lan

nguwohaké kauntungan sartå nduwèni hak ingayoman íng kahanané

nalikå ora nyambútgawé/nganggúr.

2. Sabên uwóng kanthi ora kabédak-bédakaké, darbé hak ingatasé

pituwas (opah, asil) kang pådhå tumrap pagawéyan kang pådhå.

3. Sabên uwóng kang nglakóni pagawéyan nduwèni hak nåmpå opah/asil

kang adíl lan nguntúngaké/bathi, kang nanggúng bisané dadi

panguripan kang múrwat kanggo dhiri pribadi lan ugå marang

kaluwargané, lan manåwå ånå wigatiné katambah íng lindhungan

kapêrluwan sosial liyané.

4. Sabên uwóng darbé hak nggåwå lan nglêbóni paguyuban-paguyuban

pêgawé kanggo ngayomi kapêrluwané.

BAB : 24

Sabên uwóng nduwé hak ngaso lan libúr, kêlêbu pranataníng wanci nyambút gawé kang múrwat lan dinå libúr kang pantês kanthi wêwatón tumåtå, lan têtêp nåmpå opah/pituwasíng karyå.

BAB : 25

1. Sabên uwóng nduwèni hak bisané uríp kanthi múrwat, kanggo

kasarasan lan katêntrêmané dalasan kulawargané, tan kêri íng bab hak

pangan, sandhang, papan lan pangopèníng kasarasan sartå kapêrluwan

sosial síng dadi kabutuhan lan hak olèh tanggungan jaminan nalikå

ngalami nganggúr, nandhang lårå, cacat, dadi waråndhå, nyandak

umúr tuwå, utåwå kahanan liyané kang njalari kacingkrangan, kang

nyåtå ngluwihi dåyå kêkuwatané.

2. Pårå biyúng (ibu) lan bocah-bocah darbé hak olèh pangopèn lan

bantuan istiméwa (mirunggan). Kabèh bocah, kang lair íng sajroníng

tatanan ningkah utåwå sanjabaníng tatanan ningkah kudu antuk

pangayoman sosial kang pådhå.

BAB : 26

1. Sabên uwóng darbé hak olèh panggulowênthah íng pawiyatan kanthi

gratis, saora-orané tumrap sêkolah/pawiyatan dhasar. Pawiyatan

dhasar kawajibaké. Sêkolah (pawiyatan) tèhnik lan jurusan umúm

kanggo sabên uwóng kanthi tinarbukå, sabên uwóng biså lumêbu íng

pawiyatan luhúr kanthi pranatan kang pådhå salaras karo múrwat lan

pantêsé.

2. Panggulowênthah kudu kaênêraké amríh sabên pribadi biso mêkar

kanthi ombèr, biso ndayani såyå kandêlé råså bisa ngajèni lan

ngúrmati hak-hak asasi umat manungså lan kêbébasan-kêbébasan kang

baku. Panggulowênthah íng pawiyatan kudu bisa nênangi lan

mêkaraké råså têpå salirå karo pêpadhané, mêkaríng pamitran,

pasêduluran íng antarané bångså-bångså, bêbrayan, ras apadéné

agåmå, sartå njalari kudu såyå majuníng Pêrsêrikatan Bångså-Bångså

sajroníng mêmêtri lan nyipto bêdhamèn/pirukun.

3. Pårå wóng tuwå, darbé hak utåmå sajroníng milíh pawiyatan papan

panggulowênthah kanggo anak-anaké.

BAB : 27

1. Sabên uwóng duwé hak ngrasuk lan ambyúr íng kiprahíng kabudayan

íng sadinå-dinané íng bêbrayan, ngrêsêpi sêni, lan biså ngrasakaké

ngalami majuníng uríp lan paédahíng kawruh.

2. Sabên uwóng duwé hak antuk pangayoman anggóné kiprah lan

makaryå íng babagan ngèlmu lan kawruh – kang arupå pangayoman

marang kauntungan síng awujud moril utåwå matêriil, ugå íng

kasusastran utåwå sêni kang ciniptå/asil karyané.

BAB : 28

Sabên uwóng darbé hak ingatasé pranatan sosial nasional lan intêrnasional, salaras karo hak-hak lan kabébasan-kabébasan kang kamot íng Pranyatan iki bisa kanthi têmên maujud.

BAB : 29

1. Sabên uwóng nduwèni kuwajiban marang bêbrayan/masyarakat, kang

sanyatané ora ånå papan liyå kang biså dadi papan mêkaríng

kapribadèn kanthi bébas sartå têmên-tumêmên.

2. Sajroníng nglêksanani hak-hak lan kabébasan-kabébasané, sabên

uwóng kudu mbangun miturút marang pranatan kang salaras karo

undang-undang (anggêr-anggêr), kang isi ancas lan tujuwan síng ora

ånå liyå kajåbå múng amríh gumólóngíng niyat ngugêmi lan ngúrmati

kanthi trêp marang hak-hak lan kabébasan-kabébasan uwóng liyané,

kanggo mujudaké syarat-syarat kang adíl íng bab kasusilan, têrtib

tumåtå lan katêntrêmaníng umúm, íng bêbrayan/masyarakat kang

démokratis.

3. Hak-hak lan kabébasan-kabébasan kasêbút, kanthi alêsan lan

pawadan åpå waé, ora kênå dilaksanani nalisír karo ancas lan

tujuwan sarta wêwatón-wêwatóníng Pêrsêrikatan Bångså-Bångså.

BAB : 30

Ora ånå siji waé isi sajroníng Pranyatan iki kênå katapsír mènèhi kalodhangan marang sawijiníng Nagårå, paguyuban utåwå pribadi, kang awujud hak supåyå olèh utåwå muríhaké antuk pakaryan åpå waé, utåwå nglakóni tumindak kanthi tujuwan ngrusak hak-hak lan kabébasan-kabébasan wujud åpå waé kang kapacak íng sajroníng Pranyatan iki.

© The Office of the High Commissioner for Human Rights

OHCHR-UNOG

8-14 Avenue de la Paix

1211 Geneva 10, Switzerland

+41 22 917-9000

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.